Copyright © Bloksephot
Design by Dzignine
Kamis, 01 November 2012

WALISONGO


Walisanga utawi Walisongo tinepang minangka panyebar agama Islam ing tanah Jawi nalika abad kaping-17. Walisanga manggén wonten ing tigang wilayah wigati pantai lér Pulo Jawa, inggih menika Surabaya-Gresik-Lamongan ing Jawa Wétan, Demak-Kudus-Muria ing Jawa Tengah, lan Cirebon ing Jawa Kulon. Walisanga kang mligi dipunartosaken wali ingkang cacahipun sanga anggotanipun inggih menika Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Drajat, Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Sunan Muria, lan Sunan Gunung Jati. Para Wali kala wau boten gesang sesarengan ing sajaman, nanging antawisipun setunggal kaliyan sanese nggadhahi sesambetan paseduluran lan sesambetan antawisipun guru lan murid.Sunan Gresikutawi Maulana Malik Ibrahim, bapak saking Sunan Ampel utawi

Raden Rahmat minangka ingkang paling sepuh.Sunan Giri (Raden Paku tinepang ugi kanthi asma Ainul Yaqin) kaponakan saking Sunan Maulana Malik Ibrahim, sepupuné Sunan Ampel.Sunan Bonang (Raden Makhdum Ibrahim) kaliyan Sunan Drajat (Raden Qasim) menika putranipun Sunan Ampel. Sunan Kalijaga (Raden Said) menika kanca ugi muridipun Sunan Bonang.Sunan Muria (Raden Umar Said) putranipun Sunan Kalijaga.[Sunan Kudus muridipun Sunan Kalijaga.Sunan Gunung Jati(Syarif Hidayatullah) menika kanca saking sedaya sunan, kajawi Sunan Maulana Malik Ibrahim amargi sampun kapundhut. Jaman Walisanga inggih menika dipuntandhani kanthi jaman pungkasanipun dhominasi Hindhu-Buddha wonten ing budaya Nusantara lan saksampunipun dipungantos ngagem kabudayan Islam. Walisanga minangka simbol panyebaran Islam wonten ing Indonesia, utamanipun ing Jawa. Senadyan kathah tokoh sanes ingkang nggadhahi peran ugi, nanging peranan Walisanga ingkang ageng sanget wonten ing sajroning ngadegaken krajaan Islam ing tanah Jawa, ugi pengaruhé dhumateng kabudayan masarakat.

keterangan lebih lengkapnya : 
http://marianacity.wordpress.com/2011/05/16/sejarah-dawahnya-para-wali-songo/
sumber : wikipedia.com 

PERIODISASI WALISONGO


Angkatan ke-1 (1404 – 1435 M), terdiri dari:
  1. Maulana Malik Ibrahim (wafat 1419),

Blogger news